Friday, June 12, 2009

Boso Kalongan

Pat likur taun ninggalke kalongan, koyo’e kok nembe sadar nek aku wis urip ngrantau luwih suwi nimbang urip neng kalongan. Bar lulus SMA tahun 85, kuliah telong tahun nang Jakarta, terus kerja neng Padang. Telong taun neng Padang, dek taun 91 nganti saiki kerja neng Jakarta. Sak wektu kuwi, mulihe kalongan ya paling nek pas bodo, utowo pas liburan utowo nek pas ono uleman.
Tapi sing jenenge howo kampung, ben wis taunan nenggalke ora bakal klalen ra. Sing jenenge wangine megono bar dibukak dek bungkus godhong gedhang koyone ora ono sing ngalahke. Opo meneh nek sarapane nganggo lawuh tempe goreng sing irisane kandel-kandel kae. Durung maneh engko nek awan-awan terus kelingan tauto karo es teh manis. Wis sakpore pokoke.
Tapi sing jenenge panganan, nek nggo aku tetep bae ono solusine. Nek cuma’ megono karo tauto, ben ora persis nemen, ono warunge sing dodol utowo paleng ora biso nggawe dhewe.
Tapi nek kelingan terus kangen suwasanane Pekalongan? La kiye sing angel. Wong pas kumpul sedhulur bae ora biso. Sedhulurku nek ngumpul kandanane nganggo boso logat mbatang, terus nek sedhulur dek bojoku kandanane nganggo boso jogja. Ya ben kabeh boso jawa ya tetap bae ora penak, kurang sreg kae sih. Ya coro bosone koyo soto ora ono tauco ne ra. Enak po'o tapi ora ngglegender.
Kadang sing biso menghibur nek pas nrimo SMS mbakyuku. Padahal mbakyuku wis suwi neng Semarang, tapi ya mbuh kok isih akeh boso kalongan sing kelingan. Nek nompo SMS, ben cuma deretan huruf-huruf thok tapi rasane kok ketemu suasana kalongan, persise noyontaan.
Durung suwe iki, aku entuk hiburan anyar pas nekani acara kumpul Opek neng PTIK Jakarta. Neng kono, neng penerima tamu didol Kamus Pekalongan karangan Mbak Iyeng Santoso karo Mas Asikin. Yo langsung bae tak samber. Pas moco isine ya gugu kae jebule, ben bosone dhewe yo kok lucu juga.
Tapi saiki, sing luwih nggawe wetengku kaku kiye yo mergo aku biso kumpul sak ruangan karo wong asli sampangan kalongan. Dhewe’e, Mas Burhan jenenge, malah wis luwih suwe ninggalke kalongan. Pokok'e bar kuliah neng Jakarta terus kerja 20 tahun neng Bandung terus 5 taun neng Pontianak. Tapi yo mbuh, jebule dhewe’ne nek ngomong logate yo izeh persis wong sampangan kae sih.
Nggo aku iki cocok, suasana iki sing tak enteni. Nek pas ngomong karo Mas Burhan, sing jenenge boso asli kalongan metu kabeh. Istilah ceke’an, badhogan, buslheng, ndhobol, re kere, umyek, tapuk, al, angop terus pokoke izeh akeh maneh istilah sih aneh-aneh. Saking anehe istilahe, akeh boso kalongan sing izeh biso disisipke neng kamuse mbak Iyeng. Akeh, pokoke dek a nganyi z ketemu kabeh. Kapan-kapan engko tak kirimke nggo tambah-tambah isi kamus boso kalongan.
Ben nembe kumpul bareng, aku karo Mas Burhan wis ora sungkan-sungkan ngomong nganggo coro boso kalongan sing kadang nek dirungokke rada kasar. Mas Burhan kadang ngelekke, aja ngomong koyo kiye nek pas ngomong karo wong liyo. Anehe neng pas ora ono wong liyo, aku karo Mas Burhan dhuwe aturan ora keno nganggo boso alus opo meneh kromo. Soale opo?
Jarene, ono bocah kalongan sing kuliahe neng Semarang utowo mbuh pokoke neng wetan. Yo koyone mergo wis ketentho ngomong alus karo kanca-kancane, pas mulih kalongan ngajak ngomong kromo karo bapake. Mestine bapake kan bungah mergo bocahe saiki pinter ngajeni bapake. Tapi jawaban bapake jebul ora koyo kuwi. “Hey, ndhuk. Kowe karo bapakmu dhewe kok nganggo kromo mbarang. Opo aku kiye saiki mak pada' ke wong liyo pok?”.

No comments: